ANDRI PINTER BOSO INGGRIS
“konco-konco, aku isih penasaran karo ulangan bahasa inggris mau” ujarku marang konco-koncoku ning taman nalika istirahat pertama.
“ulangane mau bener-bener angel tenan yo. Malah aku ora biso nggarap limang nomor terakhir amargo aku ora paham lan ora mudeng arti kalimate” jebule santi, koncoku sebangku yo podo koyo aku nasipe.
“kayane andri meneh sing bakal entuk biji satu. Soale andri mau biso nggarap nganti lancer tur rampung kabeh” ujare dede, salah sijine koncoku sing lemu awake.
“eh kuwi-kuwi, andri. Kayane andri arep menyang perpustakaan sekolah. Wah jan andri kuwi bocah sing sregep tenan yo” ujare daffa karo nunjuk nang arahe andri sing lagi mlaku dewe nang arahe perpus.
“kiro-kiro andri moco opo yo ning perpus” takonku marang daffa. Daffa nggeleng, tandha yen ora ngerti.
“ning perpus wae yo, moco-moco bareng karo andri men ketularan pinter” reni ngajake aku lan sakanca kabeh budal menyang perpus bareng-bareng. “ayo” aku lan konco-konco njawab bareng-bareng.
Akhire aku lan sakonco kabeh budhal menyang perpus, arep podo golek buku senengane dhewe-dhewe. Nek aku langsung menyang rak sing kanggo nyimpen buku komik, amarga aku pancen seneng moco komik.
Jebule andri ugo lagi nggolek-golek buku ning rak buku komik.
“lagi golek buku opo andri?” takonku marang andri.
“o, Irma. Aku lagi golek buku cerita sing ana gambare”
“mosok wis kelas limo SD isih seneng moco buku cerito sing ono gambare. Koyo cah TK wae” guyonku.
“yo ora opo-opo. Kelas limo SD isih patut mooc buku cerito. Iyo opo pora?” ujare andri karo ngguyu” jawabe andri” naming aku iki lagi nggoleki buku cerita naming sing nggunake bahasa inggris”
“hah, tenane. Pancen sip tenan. Dadi iki rahasiamu biso pinter nggarap bahasa inggris yo andri?”
“nek mung seneng mooc buku cerito bahasa inggris yo dudu rahasia jenenge. Biasane aku moco sak buku cerito seminggu suwene” ujare andri.
“berarti sak jerone wektu sewulan biso ngrampungke patang (4) buku, setaon biso seket (52) loro buku. Wah hebat tenan”
“ah biasa wae Irma. Irma uga biso.misale Irma kan seneng moco komik, nek sakjerone wektu seminggu biso moco telung (3) komik, berarti sewulan biso ngrampungke rolas (12) komik, setaon malah satus seket enem (156) komik. Wah Irma luwih hebat tinimbang aku”
aku mung mesem campur isin krungu penjelesane andri. “bener yo. Coba aku moco buku, ora mang moco komik, mesti aku wisp inter koyo andri”ujarku ning njero ati.
“wah wah. Aku dadi isin krungu critamu. Mulai dino iki aku ora moco komik meneh, moco buku wae men pinter koyo andri” aku dadi semangat.
“moco komik ugo biso marakke pinter bahasa inggris kok Irma” ujare andri.
“mosok?” aku kaget krungu jawabane andri.
“saiki wes akeh komik sing nggunakke bahasa inggris. Kuwi contone. Moco komik bahasa inggris podo wae sinau bahasa inggris. Iyo opo pora?” andri banjur njupuk salah sawijine komik sing nggunakke bahasa inggris.
“iyo yo. Dadi biso sinau sekaligus hiburan; hiburan sekaligus sinau. Wah jebule gampang yo carane men pinter bahasa inggris. Tak kiro angel, jebule gampang men pinter bahasa inggris. Dadi iki ki rahasiamu yo andri”
“ah dudu rahasia kok Irma. Disebar-sebarke marang konco-konco yo ora popo, men podo seneng bahasa inggris. Aku banur nuruti sarane andri. Wah jebule men pinter bahasa inggris iku ora angel, moco buku cerito opo komik ugo biso marakke pinter bahasa inggris.
“Kabeh koncoku tak kandani men pinter bahasa inggris lan biso enthuk biji sing apik”
Belum ada Komentar untuk "ANDRI PINTER BOSO INGGRIS"
Posting Komentar
Mohon isi komentar HANYA terkait dengan artikel yang di bahas di halaman ini. Di larang memberikan link aktif (kami akan menghapusnya dan melaporkan sebagai spam jika anda melanggar)