NGANGGUR NING SARJANA


Pancen penak tenan dadi penganguran. Ora ana kewajiban sing kudu dilakoni, kecuali mung seneng-seneng, koyo kelakuane si paimo. Paimo kuwi pancen anak sing wis dimulyakake karo wung tuwane. Awit isih cilik, paimo ora tau ngarasakake dimnaja pendak dino. Ndang wis gedhe kerjane paimo mung seneng-seneng foya-foya ngewangi ngenetkke duite bapak lan ibune sing manten lurah.  Awit sd tekan sma bijine ning buku raport sekolah ora tau nyenengake wong tuane, anaming paimo ora tau peduli. “aku ki anake wong sugih, ora perlu ngoyo-ngoyo sinau wis duwe duit akeh. Pinter-pinter yo ora ana gunane. Mengko nek lulus yo ora perlu susah-susah golek gawean, wis cukup bandhane wong tuaku. Ora bakal enthuk dipangan sak anak putuku” pikire paimo.
“paimo, yen bijimu elek koyo ngene, nek kulaih banjur nasibmu piye?” ibune paimo setengah jengkel.
“gampil bune, kuliah niku gampang. Sing penting enten duit, sedaya mesti beres. kulo yo mboten bodo-bodo banget sakbenere, mung males sinau kemwaon. Kulo janji mangkih pas kuliah bakal tenanan” sesumbar si paimo. Naming nang sakjerone atine, paimo ngerti yen paimo ora bakal biso nyekel omonge dewe.
“yowis, sing jenenge bandha iku biso enthek yen dibagi-bagi, naming ilmu kuwi ora bakal enthek yen dibagi-bagi karo wong liyo” ujare ibune pamo karoo ngelus dadane, wis ora leren le ngandhani paimo men dadi anak sing bener. Anaming paimo ora tau ngrungokake kabeh kandanane ibune, mlebu kuping kiwo metu kuping tengen.
Bandane bapak ibune pancen akeh tenan, kaya-kayane ora bakal entek pitung turununan, jarene wong-wong ndeso. Sawahe pirang-pirang patok, raja kayane puluhan sing digadhohke karo penduduk desane.
 
“bos paimo, nek lulus kuliah kowe arep dadi opo bos?” takon Arnold, koncone mendem lan nongkrong ning “markas”, nggon main bilyard.
“ha ha ha, nek lulus aku are dadi wong kere wae. Bosen dadi wong sugih seneng-seneng terus pendahk dino ora tau ngrasakke susah” jawabe paimo karo ngguyu cekakakan lan tangane nyadhak ciu. Konco-koncone sing liyo uga podo ngguyu ngrungokake jawabane paimo.
Senengane paimo lan kanca-kancane pancen totoan main bilyard karo ndem-ndeman tekan esuk. Wis ora biso dieting maneh duite sing dienthekke kanggo maen lan mendem karo konco-koncone. Malah ora tanggung-tangung, paimo kerep ngebosi koncone mendem, paling ora seminggu pisan.
“ayo podo mendem tekan esuk, tak bayari pokoke. Tenang wae” ujare paimo karo ngangkat botol ndem-ndemane.
“opo sesuk ora mlebu kuliah bos?” takon bejo, kancane mendem sing yo kancane kuliah ning fakultas hukum.
“gampang, titip absen wae. Mengko nek arep skripsi mbayar wae yo biso. Angger ana duit mesti beres. Kuliah kuwi sing penting ana duit. Ora duwe duit yo ora biso kuliah. Tenang wae, taon ngarep aku mesti nlulus kuliah, tak sogok dosene nek aku ora lulus” jawabe paimo karo neruske le mendem nganti esuk. Paimo arang-arang mlebu kuliah, kerep nitipke absene karo koncone, naming mbayar mestine. Kabeh urusane kuliahe paimo lancer amargo duwe duit. Yen ujian, paimo mesti enthuk pitulungan seko bocah sing gelem dibayar.
 
Paimo S.H lagi ngukuti klambi-klambine, dilebokke ning tas koper. Paimo wis kentekan dalan urip. Gaweyan yo ora duwe. Bojo njaluk pegat, malah ane lanang siji-sijine yo digawa ibune. Sawah sing pirang-pirang hektar lan raja kaya sing atusan jumlahe wis entek ting ora ana turahane babar plonthas. Malah omah tinggalane wong tuane kepekso kudu didol kanggo nyarutang utang-utange sing numpuk koyo gumuk. Paimo S.H bingung arep njaluk tulung karo sopo, koncone wis ninggalke naliko bandane enthek. Saiki mung kari gelo lan gelo.

Belum ada Komentar untuk "NGANGGUR NING SARJANA"

Posting Komentar

Mohon isi komentar HANYA terkait dengan artikel yang di bahas di halaman ini. Di larang memberikan link aktif (kami akan menghapusnya dan melaporkan sebagai spam jika anda melanggar)

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel