LAPTOP SETAN
“bune, pye nek awake dhewe tuku laptop. Men ngentheng-ngenthengi gaweanku nek arep mulang. Mosok guru lulus sertifikasi kok ora dhuwe laptop, ngisin-ngisini” ujare pak guru darimin karo bojone.
“laptop niku awis pak. Nopo mboten tumbas komputer biasa kemawon, ingkang mirah” bu darimin mboten sreg menawi pak dariminin bade tumbas laptop anyar.
“tumbas laptop mawon, pak, bu” ujug-ujug darto, anak pembarepe mak jendhudhul mlebu melu rembuge wong tuwo. “laptop niku luwih ringkes, gampang digawa, lan mboten boros listrik. Amgkih kulo nggih saged ngampil nek ajeng nggarap tugas sekolah”
“bener kandhane darto. Omah semene ciyute ora kepenak yen didokoki kompuer, ngenthek-enthekke papan. Nek duwe laptop ” pak darimin sumringah amargo enthuk bolo.
“lha bayaranipun njenengan niku pinten tho pak, kok badhe tumbas laptop sing regane jutaan” bu darimin isih ora setuju nek pak darimin tumbas laptop.
Pak darimin ora biso njawab pitakonane bojone. “wah, kayan-kayane aku ora biso tuku laptop ki. Ngisin-ngisini tenan, guru-guru liyane mosok podo iso tuku laptop, aku sing wis sertifikasi mosok ora biso. Aku kudu golek cara pokoke” pak darimin mbatin neng ati.
Ujug-ujug darto karo mesem ngandani pakne lan ibune” sakniki tumbas laptop niku saged kredit lho. Nyicil sewulanipun paling kalihatus ewu. Boten kathah. Nopo maneh bapak pns, gampil saged diatur”.
Akhire bu darimin ngalah, kekarepane pak darimin lan darto keturutan; laptop anyar.
Angger pendhak bengi, gantian nek ora darto yo bapakne sing nggunakke laptop. Bu darmini sakbenere ora pati seneng, amargo mesthi nganti tekan wengi lagi rampung le nggunakake laptop. Malah kadang karo umpetan kayane, amargo yen bu darmini liwat, langsung laptope di tutup. Sakbenere bu darmini pengin ngerti opo to sakbenere sing ditonton ning laptop, neng bu darmini durung duwe kesempatan mbukak laptope. Yen bu darmini takon, darto opo ramane paling mung njawab :”mung nonton pilem”, nek ra “yo mung moco cerito lucu”.
Akhire, pas dino setu, pak dar lali ora nyangking laptope menyang sekolah. Bu darmini akhire arep buka isi laptope ning ruang tamu. “akhire aku biso weruh isi laptop iki nek ora dino iki, mumpung podo ora ning omah”, batine bu darmini.
Bu darmini mbuka folder data, banjur weruh folder sing jenenge marakke penasaran “folder khusus dewasa”. Bu darmini langsung mbuka folder iku, jebule isine isine puluhan pilem sing judule nganggo boso inggris. Langsung salah suwijine pilem kuwi distel karo bu darmini.
Mak deg atine bu darmini, raine uga langsung abang ireng weruh gambar sing nembe pertama kali weruh. Gambar srawunge wong lanang karo wong wadon kang tanpo busono. Durung suwe nyetel pilem kuwi, pak dar ijig-ijig wes mlebu omah. “kulonuwun. Bune, aku arep njipuk lap...........”
pak dar kaget meruhi bu dar sing lagi nonton isi laptope. Pak dar lan garwane langsung meneh kabeng, tanpo suoro. “pak, laptope di dol mae” ujare bu dar karo ninggalke pak dar sing meneng wae karo nyawang pile sing isih distel ning laptop.
Belum ada Komentar untuk "LAPTOP SETAN"
Posting Komentar
Mohon isi komentar HANYA terkait dengan artikel yang di bahas di halaman ini. Di larang memberikan link aktif (kami akan menghapusnya dan melaporkan sebagai spam jika anda melanggar)